Lamaran Penganten



Lamaran inggih punika rerangken tata cara parapara ingkang badhe bebesanan, salajengipun badhe tumuju dhateng tata cara pawiwahan adat Jawi. Tata cara lamaran punika minangka tata trapsila lan subasitaning bebrayan.

Tata cara sanesipun ingih punika:

  • Ningseti utawi atur srahsrahan sanggan,
  • Siraman,
  • Malem midodareni,
  • Ijab, tuwin
  • Upacara dhaup. 
Leresipun ingkang nindakaken panglamar punka inggih tiyang sepuhipun putra kakung piyambak. Limrahipun, tiyang sepuhipun putra kakung lajeng ngresaya kulawarganipun ingkang cinaket supados nindakaken panglamar.

Putra kakung mboten prelu ndherek wonten ing panglamaran. Sedaya kala wau namung kangge ngawekani mbok bilih lamaran kalawau dipuntolak, ingkang tamtu sanget damel lingsemipun kulawarga utawi putra kakung piyambak.
 
Amargi tata cara lamaran namung mujudaken pepanggihan tiyang sepuhipun putra kakung tuwin tiyang sepuhipun putri kemawon, tata cara lamaran saged dipun tindakaken kanthi prasaja, mboten kedah mawi upacara utawi ugi mboten prelu wonten pranata adicara.

Ancer Ancer Pakaryan Pranatacara


Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae, kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakake pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika.

Pathokan-pathokan wau inggih punika:
  1. Ing abagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu (ingkang midangetaken), serta sakeca kapiarsa.
  2. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.
  3. Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.
  4. Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.
  5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken gendhing gendhing ingkang jumbuh kaliyan lalampahing adicara.
  6. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua Panitia), supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
  7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.
Menawi pathokan-pathokan ing nginggil punika kagem lan babagan pasugatan sarta peladosanipun ugi rancag, Insya Allah pawiwahan badhe lumampah kanthi sae jumbuh kaliyan ingkang dipun idham-idhamaken dening ingkang hamengku karya.

Gladhen Piwucalan 5


Gladhèn 1 

1. Punapa ingkang dipunwastani undha – usuk basa punika ? Wangsulan :………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………….................................................................................... ....................................................................................................................
2. Tetembungan basa ngoko adatipun kaginakaken salebeting pacelathon utawi pangandikan ingkang ? Wangsulan :…………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………..............................
3. Tetembungan basa krama inggil adatipun kaginakaken salebeting pacelathon utawi pangandikan ingkang ?

Gladhèn 3